sajak wes mulai enteng awak e, suboimdirejo mlaku mlaku metu golek angin nyeger ke pikir. mbasan wes rodo sue banjur mampir nang warung e nyi regomurah ko adat e..
- Kopi nyi.. eh.. teh anget ae nding... ra sah gulonan nyi.. paitan ae...
+ nganggo gelas ora kang
- ra sah... pincuk ae... oalah nyi yo digelas po yo meh thok curke nang cangkem ku... ono ono ae...
+ wes mari kang
pitakone nyi regomurah karo ngulungke teh pait
- wes meso nyi.. mung seh sesek...
+ yo sukur.. wingi tak kiro koe knopo knopo je kok sajak rame ngarep omah mu.. tak kiro bakal ngeterke koe nang pesarean
guyone nyi rego murah...
- hush... ngawor...
jawab e suboimdirejo banjur neruske omongane
- heeh nyi... wingi ono seng raono nang ngarep omah...
+ weh kok iso... nabrak po kae mobile..
pitakone nyi rego murah... wong dek e weruh mobil nyungsep nang sawah ngarep omah e suboimdirejo
- untung e ora nyi... teneh iso ngajak konco... jare jare seh wes ra ono pas nang mobil makane mobil e nyungsep...
+ weleh... nak urip mati ki jan ra iso di nyono...
sajak mikir wong njut sumeleh nang kursi trus meneng sedilit.
+ makane jo gae dosa ae oe kang... eling urip ki mung titipan... sak wayah wayah di pundhut seng kuoso..
- akeh amal nyi... kapan ki koe amal utang ku thok apus seko buku kui
guyone suboimdirejo karo ngarep wong weruh nyi regomurah njupuk buku kuning kang isi daftar bon
+ walah kok njut tekan kono...
Saturday, December 4, 2010
Subscribe to:
Comments (Atom)