esuk esuk tangi turu suboimdirejo wes ngalamun nang plataran ngomah. sajak akeh pikir. let sedolo banjur menyang golek kopi pait sak kancane nang pinggir pasar.
- kopi nyi... siji wae... seng puait yo.. tambah baygon sithik yen ono...
+ wealah... esuk esuk kok wes njaluk mbang kamboja
- oalah nyi, bedes tenan, ati kok koyo di iris iris nganggo sembilu... ki jan jane ono opoh toh yo nyi rasa kok ko ngene...
rengeng rengeng suboimdirejo karo nyruput kopi ne.. sajak panas wong banjur megap megap hoh heh hoh heh banjur nyulut rokok BB ne seng gari seprapat wong kawut bengi di eman eman
- walah nyi kopi ne kurang panas
+ yen kurang panas di sundut ke rokok kui nang ilat.. megap megap ngono kok sambat kurang panas.. jane ono opo toh kang.. ra biasane esuk esuk koe koyo dirun..
bantahe nyi regomurah karo nyebut jeneng wong edan kang sok golek golek mlipir pinggir pasar
- mbuh ki nyi... tangi tangi kok ko ngene
+ walah ko cah enom ae kang... eling yuswo
bales e nyi regomuah karo cekikikan
- ben
wales e suboimdirejo karo mringut marep ndalan nyawang dalan kang wes mulai kebak wong arep prakaryan. sajak ngalamun maneh wong rokok wes mati, entek gari filter isih di isap isep ae.. kadang geleng geleng dewe karo nuthuk i sikil e. wiruh kahanan ko ngono nyi regomurah mung ngelus dada bingung wong ra reti tur yo mulai akeh seng tuku... karo nyrupat nyruput kopi pait e suboimdirejo isih ae ngalamun nyawang ndalan.
- nyi
celuk suboimdirejo, isih ngetke dalan
+ opo kang.. dijog i neh po kopine..
- nyi
celuk suboim neh a minger miger seko kono
+ opo toh kang.. jan jane oe ki kesambet setan ngendi
- mboh ki nyi.. aku dewe yo rak mudeng.. jan jane kangen ki tombone opo yo nyi..
+ oalah kangen karo sopo koe kang.. sajak rung tau weruh koe nggowo wedokan..
- mboh wes nyi
+ weh malah njut nesu.. kene tak tambahi dang panas kopine.. ben ra pait pait banget ko urip mu kui...
guyone nyi regomurah karo ngejogi gelas e suboimdirejo. suboim e balek ngalamun banjur rengeng rengeng nyanyi..
"yen ing tawang ono lintang cah ayu..
aku ngenteni tekamu...
marang mego ing angkoso nimas..
sun takokke pawartamu...
janji jani aku eling cah ayu..
sumedhot rasaning ati
lintang lintang ngiwi iwi...
tresnaku sundul wiyati...
dek semono janji mu disekseni...
mego kartiko...
kairing rasa tresno asih...
yen ing tawang ono lintang cah manis
rungokno tangising ati..
binarung swarane ratri nimas...
ngenteni mbulan ndadari "
- nyi nyi.. kok yo ra sadar sadar toh koe yen aku ki nunggu..
sambat e suboimdirejo kang banjur disambar karo guyon e nyi regomurah
+ walah kang rak ngomong koe yen ngenteni aku
- gundulmu...
banjur nyruput kopi njur nyayi neh
"Duh wong ayu
pepujaning ati
mung sliramu
kang tansah nglalewo
rino klawan wengine
rasane wong lagi gandrung
hamung eling siro wong manis
batin ora kuwowo
nandang loro wuyung
enggalo paring musodo
mring wak mami
kang lagyo hanyidam sari
ugo nandang asmoro"
- wes nyi aku mulih sikik golek jiret.. tak ngendat ae nang wit ceplukan..nyoh nyi duit e.. ndak ditagih utang aku nang kono mengko..
+ kikikikikik.. ngendat kok nang wet ceplukan.. utang seng wingi pie..
- suks nank rak sido mati tak bayar seng wing
+ woalah kang ra niat koe le meh ngendat
- ben
karo ngentek ke kopi ne suboim direjo banjur lungo mulih karo neruske rengeng rengeng e.. disawang persis dirun yen lg kumat..
"midere sak jagad royo
kalingono wukir lang samudro
nora ilang memanise aduh
dadi ati selawase.......
Sunday, November 21, 2010
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment