Tuesday, November 30, 2010

pesakitan

suboimdirejo ngaplah ngaplah nang nduwur dipan,,. awak e sajak rak penak.... dodo sesek weteng awut awutan ndas mumet... meh turu rak iso meh lungo kok aras arasen... nang ilat pait njalari ra doyan madang...
- weh ki nang dokter wae nak carane ko ngene kiye...
rasan rasan e suboimdirejo banjur siap siap menyang nang dokter karo krukutan sarung jaket sanajan howone panas banget.... mbasan seko dokter suboimdirejo banjur mampir nanggone nyi regomurah golek sego nggo mengko... sisan methu pikir e suboimdirejo...
+ oalah kang panas panas ngene kok ya krukutan rampet ko ondel ondel... 
lagi ae methongol suboimdirejo wes keno gojekanne nyi regomurah...
- addoooo nyii... ra reti koe rasaning awak iki....
sambat e suboimdirejo karo ngunyel nguyel ndas e... sajak mumet...
+ walah kang wingi sambat loro ati sak ki sambat loro awak
- mbuh wes nyi... awak kok rasane ra iso diajak kompromi
+ weh bahasane nggo kompeni barang.. opo hubungane kompeni karo awakmu...
guyone nyi regomurah karo mesem mesem
- adddoooo... lg rak iso gojek aku nyi.... dokter e ae ngangsi heran lho nyi aku sih urip tekan dokteran dewe neh...
sajak loro tenanan wong banjur sumapan nang lincak.

+ weh lha ngopo... dokter e ngerti yen koe meh ngendat nang wet ceplukan po... kekkekeke...
- halah isih gojek.. jarene dokter e ki aku donge wes rak iso obah nang nduwur kasur... 
+ sajak parah tenan po... tumbenan koe kang... njut ki kok malah tekan kene koe ki meh ngopo...
- walah dadi lali to aku... sego jangan nyi... 2 sisan... di pisah ya nyi... ben rak jemek mengko yen tak pangan bengi....
+ nyoh kang... kui tak nei jamu sisan yen gelem ngombe
- walah nyi.. repot repot... jamu opo toh..
+ jamu baygon yen koe wes rak kuat kang.. kekekkekekeke...
- gundul mu.. ngutang seks ya nyi... le nyaur suks yen wes waras..
guyone nyi regomurah karo nginggati lombok seng diuncalno marang suboimdirejo...
+ walah waras ae ra yo ngutang sampeyan... ndang mulih turu kono..
suboimdirejo banjur mulih kluntak kluntuk sempoyongan... 
- wealah mlaku kok koyo ngono kae gek2 so tekan ngomah rak kae... mbok diterno kae kang...
melas e nyi regomurah karo kongkonan tukang becak seng ndilalah lagi ae mampir...



 

No comments:

Post a Comment